Sambutan
Sambutan
yaiku medharake gagasan utawa panemu kanthi migunakake basa lisan ing sangarepe
uwong utawa pamireng akeh.
Sambutan
uga bias kasebut pidhato lan uga bias kasebut sesorah. Ancas/tujuan sesorah iku
werna-werna, ana kang kanggo aweh pangerte/informasi, aweh panglipur, utawa
ajak-ajak marang kang ngrungoake supaya nindakake apa kang dikarepake pamicara.
Sesorah
miturut kaanane dibedakake dadi 3 yaiku :
1.
Kaanan
resmi, yaiku lumrahe pamicara maca naskah kang dicawisake.
2.
Kaanan
stengah resmi, yaiku pamicara bias ngandharake pidhatone kanthi rada longgar,
nanging kesan resmi kudu tetep digatekake.
3.
Kaanan
ora resmi, yaiku pamicara bias ngandharake pidhatone miturut tujuwane.
Cengkorongane
Sesorah, yaku :
1.
Purwaka
kang nyakup salam pambuka, atur puji syukur, atur panuwun, lan ancang-ancang
kanggo narik kawigaten tumuju isi.
2.
Isi/underaning
prakara
3.
Dudutan/kesimpulan
arupa pangarep-arep
4.
Wasana
tanggap wacana/panutup kang nyakup atu panuwun, nuwun pangapura, lan salam
panutup.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar