Selasa, 10 Maret 2015

sambutan bahasa jawa


Sambutan


Sambutan yaiku medharake gagasan utawa panemu kanthi migunakake basa lisan ing sangarepe uwong utawa pamireng akeh.
Sambutan uga bias kasebut pidhato lan uga bias kasebut sesorah. Ancas/tujuan sesorah iku werna-werna, ana kang kanggo aweh pangerte/informasi, aweh panglipur, utawa ajak-ajak marang kang ngrungoake supaya nindakake apa kang dikarepake pamicara.
Sesorah miturut kaanane dibedakake dadi 3 yaiku :
1.      Kaanan resmi, yaiku lumrahe pamicara maca naskah kang dicawisake.
2.      Kaanan stengah resmi, yaiku pamicara bias ngandharake pidhatone kanthi rada longgar, nanging kesan resmi kudu tetep digatekake.
3.      Kaanan ora resmi, yaiku pamicara bias ngandharake pidhatone miturut tujuwane.
Cengkorongane Sesorah, yaku :
1.      Purwaka kang nyakup salam pambuka, atur puji syukur, atur panuwun, lan ancang-ancang kanggo narik kawigaten tumuju isi.
2.      Isi/underaning prakara
3.      Dudutan/kesimpulan arupa pangarep-arep
4.      Wasana tanggap wacana/panutup kang nyakup atu panuwun, nuwun pangapura, lan salam panutup.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar