Kamis, 12 Maret 2015

Macapat


Macapat
Macapat iku tembang tradhisional ing tlatah jawa. Macapat uga nular ana kabudayan Bali, Madura, lan Sunda. Yen sinawang saka kereta basa, macapat iku maknane maca papat-papat. Macane rinakit sabn patang wanda  (suku kata).
Tembang macapat iku jinise ana sewelas (11), yaiku
1.      Mijil
2.      Kinanthi
3.      Sinom
4.      Asmaradana
5.      Dhandhanggula
6.      Maskumambang
7.      Durma
8.      Pangkur
9.      Gambuh
10.  Megatruh
11.  Pocung
Sajroning tembang macapat duweni paugeran cacah telu, yaiku:
1.      Guru gatra, yaiku gunggunge larik ing saben pada,
2.      Guru wilangan, yaiku gunggunge wanda (suku kata) saben larik/gatra, lan
3.      Guru lagu, yaiku  tibaning swara vocal ing pungkasaning gatra
Ing ngisor iki racikan paugeran saben tembang macapat
No
Jeneng Tembang
Paugeran
1
Mijil
10i, 6o, 10e, 10i, 8i, 6u
2
Kinanthi
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
3
Sinom
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
4
Asmaradana
8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
5
Dhandanggula
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
6
Maskumambang
12i, 6a, 8i, 8a
7
Durma
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
8
Pangku
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
9
Gambuh
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
10
Megatruh
12u, 8i, 8u, 8i, 8o
11
Pocung
12u, 6a, 8i, 12a



Urut-urutane tembang macapat iku pada karo lelakoning manungsa saka bayi abang nganti tumekaning pati.
Mungguh kaya mangkene urut-urutane.
No
Tembang
Gegambaran Uripe Manungsa
1
Mijil
Manungsa lair, miys, utawa mijil
2
Kinanthi
Sawise lair, ditetah (dikanthi) nalika isih cilik
3
Sinom
Saya tambah umur dadi mudha utawi enom
4
Asmaradana
Nalika enom nandhang asmara
5
Dhandhanggula
Asmara kuwi rasane manis lan endah
6
Gambuh
Mbangun kulawarga sing bagya mulya bias jumbuh/cocog
7
Maskumambang
Urip sangsaya sepuh ing antarane pangarsa ing donya lan akherat, isih kumambang, during menep
8
Durma
Sangsaya mantep anggone mikir ing urip candhake (akherat)
9
Pangkur
Wis ora mikir (ngungkuraken) kadonyan, muhung mahasing asepi, manembah ing gusti
10
Megatruh
Manungsa tinimbalan ing Gusti, pegating nyawa saka raga (pegat karo ruh
11
pocung
Jisim binuntel dadya pocong

Tidak ada komentar:

Posting Komentar