Sesorah
Sesorah yaiku njlentrehake
idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh. Isi lan ancas sesorah
mawerna-werna, ana kang kanggo menehi hiburan, nformasi utawa ajak-ajak marang
kang ngrungokake supaya nindhakake apa kang dikarepake pamicara.
Perkara-perkara kang
kudu digatekake wektu sesorah, yaiku:
1. Swarane
sing cetha lan mantep bias karungokake dening pamireng
2. Artikulasine
utawa pangocapane sing cetha
3. Intonasi
lan irama sing pener utawa trep tumrap isi ukarane
4. Sikep
kudu kanthi becik
5. Klambi
rapi, resik, lan trep karo acarane
6. Sesorah
kanthi percaya diri
Tidak ada komentar:
Posting Komentar